Daihatsu Taruna

Daihatsu Taruna

Daihatsu Taruna ya iku montor saka pabrikan PT. Astra Daihatsu Motor kanggo segmen small SUV ing Indonésia kang nggantèkaké Daihatsu Feroza.[1] Daihatsu Taruna wiwit kawanuhaké ing taun 1999.[1] Daihatsu Taruna digawé miturut sasis lan body Daihatsu Terios lan Toyota Cami.[1] PT. Astra Daihatsu Motor ngganti mesin K3 (1300 cc) karo tipe HE/ HD (1500 - 1600 cc), nambah jarak sumbu rodha mobil, lan ngonvèrsi saka front wheel drive dadi rear wheel drive kanthi pérangan duwéké Daihatsu Feroza.[1] Saliyané iku Daihatsu Taruna ora nduwé seat belt ing kursi kang mburi, kantung udara, lan ABS saka Terios lan Cami Jepang.[1]

Prodhuksi wiwit mandheg ing akir taun 2006 kanthi modhélé kang pungkasan yaku Oxxy.[1] Modhél iki wujud minor change saka modhél sadurungé.[1]

  1. a b c d e f g daihatsu.co.id[pranala mati permanèn](dipunundhuh tanggal 3 Agustus 2011)

From Wikipedia, the free encyclopedia · View on Wikipedia

Developed by Tubidy